Sabtu, 17 Januari 2009

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Romo Wage lan Pak Wagu (2)

Romo Wage (romo = bapak) arep mangkat ning bale deso, kumpul bareng pemuda-pemuda arep domonstrasi mengutuk pembantaian Israel ning jalur Gaza. Rencanane demonstran saka deso-deso sak kecamatan arep demonstrasi bareng ning lapangan ngarep kantor kecamatan. Weruh Romo Wage nggawa gulungan spanduk boikot produk pendukung Israel, Pak Wagu terus nyegat ngajak ngobrol.

Pak Wagu:
Wong sing perang wong liyo kok kowe melu repot tho? Mbok ya uwis rasah melu-melu urusane wong liya?

Romo Wage:
Wela. Palestina iku sedulure awake dewe. Hamas kuwi pemerintah resmi Palestina sing menang pemilu sing demokratis. Rak yo lumrah nek deweke dipilara mungsuh, aku uga melu susah. Melu sedih lan ora trimo tho?

Pak Wagu:
Rak yo salahe dewe. Ora gelem manut karo Israel. Malah nembak nanggo roket barang. Mbok yo manut terus damai wae, rasah nanggo perang-perang barang. Israel rak mung mbales amarga di tembaki tho?

Romo Wage:
Pak Wagu, Pak Wagu!. Mbok ya maca buku sejarah. Israel kuwi wiwit jaman mbiyen yo senengane membantai umat manusia. Dadi ora merga ditembaki. Wong deweke kuwi wong asing sing manggon ning lemahe wong-wong pribumi Palestina. Rak yo ora mungkin ngrebut lemah nanggo cara alus tho?.

Terus Gaza kuwi diblokade Israel, dikepung dening tentara Israel. Kebutuhan sandang, pangan lan obat-obatan dingel-ngel mlebu Gaza. Rak yo lumrah menawa Pemerintahan Hamas mbales nembaki Israel. Wong rakyate dikepung, dipilara dening Israel, digawe angel sandang pangan mosok kon meneng wae ?

Pak Wagu:
Meneng wae.

tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, cerkak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar