Rabu, 20 Februari 2008

Puisi Ulang Tahun Bahasa Jawa

Detik terus mlaku
tan peduli sira sregep amal utawa ndeleya
Jam terus mlaku
tan peduli sira waspada utawa lena
Dina terus mlaku
tan peduli sira sregep ngabekti utawa duraka

Umurmu tansah tambah
ananging kadewasanmu ora mesti tambah
Amarga kadewasan iku pilihan
Amarga kadewasan iku butuh pangorbanan
Amarga kadewasan iku kahormatan

Slamet Ulang Tahun
Muga-muga tinambahe umurmu
dibarengi tinambahe becike atimu
lan mantepe kadewasanmu.


tags: blog bahasa jawa, blog basa jawa, puisi ulang tahun


Tidak ada komentar:

Posting Komentar